Minggu, 25 Februari 2018

Drama Keong Mas Bahasa Jawa

susahnya mencari tugas dialog dalam bahasa Jawa ini membuat siswa membuat saya untuk mencoba membantu untuk mempostingnya. semoga ini bisa mempermudah tugas siswa.

DRAMA KEONG MAS BAHASA JAWA

Tokoh :
RD     : Raja Daha
CK      : Candra Kirana
GA     : Galuh Ajeng
N       : Nenek
P        : Penyihir
RIK     : Raden Inu Kertapati
Pengemis

Babak 1
Ing keraton Daha, ana raja kang duweni asma Raja Daha lan duwe anak 2 kang ayu rupane. Putri Candra Krinana yaiku putri kang grapyak  lan ayu. Deweke arep dinikahke karo pangeran saka keraton Kahuripan kang asma Raden Inu Kertapati.
RD
:
Anakku, mreneo!
CK
:
Wonten punapa Rama ?
GA
:
Punapa Rama inggih nimbali kula?
RD
:
Iya anakku, ana sing arep daksampekna menyang kowe kabeh, dene Raden Inu Kertapati saka keraton Kahuripan arep teka mrene.
GA
:
Lajeng, wonten punapa Rama? Wonten hubunganipun punapa kalih kula lan Mbakyu, Rama?
RD
:
Rama wis gawe perjanjian karo Ramane, yen Rama arep nikahna salah sijine saka anakku karo Raden Inu Kertapati.
GA
:
Sinten ingkang badhe dipunnikahaken kalih Raden Inu, Rama?
RD
:
Aku lan Ramane Raden Inu Kertapati wis sepakat yen Raden Inu Kertapati arep dinikahna karo Candra Kirana.
CK
:
Matur suwun sanget Rama. Kula bungah sanget, nggih niki sing kula impi-impiaken wiwit kula taksih alit.
RD
:
Temen ta iku? Yen ngono pancen ora salah Rama milih awakmu kanggo calon bojone Raden Inu. Ayo bareng-bareng ndang disiapna kanggo nyambut tekane Raden Inu Kertapati.
Raja Daha lan Candra Kirana ninggalna ruangan kang saiki mung ana Galuh Ajeng. Candra Kirana lan Ramane ngrasa bungah karo pernikahan iki.
GA
:
Aku ora setuju karo pernikahan iki. Opo’o kok Candra Kirana sing dipilih, kok dudu aku? Padahal aku jelas luwih ayu saka deweke. Iki bener-bener ora adil, mung aku siji-sijine wanita sing pantes dadi bojone Raden Inu. Saiki apa sing mesti taklakoni? Aha ………
Babak 2
Sakwise njaluk bantuan menyang penyihir. Galuh Ajeng mulih menyang kraton, kepingin ketemu Ramane.
GA
:
Rama…Rama…Rama wonten pundi? Wonten ingkang badhe kula aturaken.
RD
:
Ana apa anakku?
GA
:
Niki masalah Candra Kirana, Rama.
RD
:
Ana apa ambek Candra Kirana?
GA
:
Niki kula nemokaken layang kang ditulis kalih Candra Kirana wonten kamare kangge pengawal.
RD
:
Apa? Dasar bocah nakal, wis arep dinikah kok malah pacaran karo pengawal. Kurang ajar iku.
GA
:
Sabar Rama, sabar.
RD
:
Kirana … Kirana …
CK
:
Wonten punapa, Rama?
RD
:
Iki wacanen!
Kok wani-wanine awakmu yo …!!
CK
:
Oh. Punika fitnah Rama. Kula mboten nate nglampahi punika Rama. Saestu Rama, percados kalih kula.
RD
:
Cukup Kirana. Metu awakmu saka kraton kene! Metu karo pengawal kurang ajar iku!
CK
:
Namung Rama ….
Babak 3
Candra Kirana wis dikutuk dadi keong mas lan gemletak nang pantai Desa Dadapan. Salah sawijine dina ana wong wadon kang lagi golek iwak ing pantai. Deweke nemokake keong mas iku, terus digawa mulih.
N
:
Oh, keong kang apik, aku arep gawa keong iki mulih.
Sak tekane ing omah, Mbok Rando nyimpen keong mas ing panggonan kang aman. Banjur deweke ngaso, lungguh ing kursi.
N
:
Huh, nganti yahmene aku kok durung oleh iwak. Aku kudu golek maneh, yen ora oleh iwak, aku mengko mangan apa?
CK
:
Lho, kenapa aku bisa ana kene? O iya, mau lak ana simbah sing nggawa aku. Sakke rek simbah iku, kanggo mangan bae deweke kudu golek iwak disik. Aku arep tuku panganan kanggo deweke.
Nganggo dhuwit sing digawa saka keraton, Kirana tuku panganan sing enak-enak kanggo simbah. Panganan mau ditata rapi nang dhuwure meja. Nalika dina mulai bengi lan simbah durung mulih, Candra Kirana kudu bali dadi keong maneh.
AAA……….
Ora sepira suwe simbah teka karo muring-muring.
N
:
Sialan. Dina iki iwak-iwak padha nang ngendi bae sih? Gara-gara iku gak oleh panganan. Arep mangan apa aku dina iki? Wow, teka endi panganan iki? Ketoke enak-enak banget. Sapa sing menehi kanggo aku? Yo wis lah, sing penting saiki aku mangan disik.
Dina liyane, Candra Kirana nyediakna panganan maneh kanggo simbah. Tapi deweke ora weruh yen simbah mulih luwih cepet saka biyasane sebab ora oleh iwak maneh.
CK
:
Mumpung simbah durung mulih, aku tak ndang nyiapna panganan kanggo simbah.
N
:
Ha, sapa bocah iki? Awakmu sapa?
CK
:
Kula….kula Candra Kirana.
N
:
Apa? Candra Krana? Sing bener?
CK
:
Inggih kula Candra Kirana putri Raja Daha.
N
:
Yen ngono, kena ngapa awakmu kok bisa ana ing kene?
CK
:
Panjenengan sing mbekta kula mriki. Kula niki keong sing jenengan temokaken kala wingi.
N
:
Apa? Awakmu iku keong mas? Ya apa kok bisa?
CK
:
Kula dikutuk penyihir mbah. Kutukan niku wau kengkenane dulur kula sing iri kalih kula.
N
:
Mesakke temen awakmu, Nduk. Dulur macem apa dulurmu iku, kok tega pingin ngutuk awakmu. Tapi pancen jenenge manungsa, yen wis iri apa bae dilakoni, sing bisa ndadekake wong liya susah. Yo wis sauntara awakmu oleh manggon nang kene, Nduk?
CK
:
Matur suwun , Mbah.
Babak 4
Raden Inu Kertapati sing wis ngerti kabar saktemene teka menyang Keraton Daha.
RIK
:
Gusti, saklerese kedadosan punapa ingkang sampun dipunalami Candra Kirana? Kenging punapa panjengan ngantos ngusir Candra Kirana?
RD
:
Aku yakin awakmu ora bakal percaya berita iki. Deweke wes mengkhianati kowe.
RIK
:
Mboten Gusti. Galuh Ajeng sampun mitnah Candra Kirana.
RD
:
Kena apa awakmu kok ngomong ngono? Awakmu weruh saka ngendi?
RIK
:
Niki….niki… Gusti, penyihir kang dibayar kaliyan Galuh Ajeng kangge ngutuk Candra Kirana lan saking penyihir punika kula mangertosi menawi Galuh Ajeng punika ingkang sampun mitnah Candra Kirana. He, ayo ngaku kowe!
P
:
Inggih, punika leres Gusti!
RD
:
GALUH AJENG !!!
GA
:
Inggih Rama. Wonten punapa? Lho kok awakmu?!?
RD
:
Ngapa kok kaget? Deweke iki kancamu ya? Saiki Rama wis mangerteni kabeh. Awakmu wis mitnah sedulurmu dewe. Saiki awakmu metu saka keraton kene. Minggata kowe! Kejaba kowe. Awakmu oleh manggon ning kraton kene!
P
:
Ingkang leres Gusti?
RD
:
Iya, tapi manggon ing penjaraku, saklawase!
GA
:
Rama, ampun Rama. Ajeng ngaku salah Rama. Ajeng ampun diusir Rama!
RD
:
Minggata saka kene. Aja wani-wani ngetok ing wilayahku kene. Raden Inu tulung gawanen wong loro iki!
RIK
:
Inggih Gusti.
Babak 5
Raden Inu Kertapati ngerti menawa Candra Kirana ilang. Deweke banjur madosi Candra Kirana kanthi memba-memba wong cilik.
RIK
:
Candra Kirana ….kowe ana ngendi cah ayu? Aku Raden Kertapati!
Pengemis
:
Raden paring-paring….
RIK
:
Niki kula wonten satunggal ewu rupiah.
Pengemis
:
Nuwun Raden. Ngapunten, panjenengan madosi Candra Kirana?
RIK
:
Inggih Mbah. Panjenengan ngertos Candra Kirana wonten pundi?
Pengemis
:
Sejatine Candra Kirana ing laladan Dadapan.
RIK
:
Matur nuwun Mbah. Kula badhe nglajengaken lampah.
Pengemis
:
Sami-sami.
Babak 6
Sakwise iku Raden Inu Kertapati ngumbara goleki Candra Kirana nganti deweke mlebu ing salah sakwijine desa yaiku desa Dadapan lan nemokake ana ing desa iku.
RIK
:
Ah, nang kono ana omah. Aku tak ngaso sedhela. Aku pegel kabeh sakwise mlaku sakmono adohe. Sapa ngerti aku oleh njaluk ngombe. Kula nuwun!
CK
:
Inggih sekedhap.
Raden Inu? Kok saged dumugi mriki?
RIK
:
Iku ora penting. Sing jelas aku seneng bisa nemokake awakmu. Pirang-pirang dina aku goleki awakmu. Ayo mulih, sapa sing bener wis ketok. Ramamu wis ngenteni. Panjenengane wis ora sabar kepingin ketewu awakmu.
CK
:
Matur suwun sanget, amargi panjenengan sampun nylametaken kula.
N
:
Sapa Kirana?
CK
:
Oh, Mbah tepangaken, punika Raden Inu ingkang sampun nate kula critakaken dateng Simbah. Panjenengane punika badhe ngajak Kirana wangsul. Tapi kula mboten tega ninggalaken mbah piyambakan.
N
:
Ora apa-apa Kirana. Awakmu muliha. Awakmu mesthi kangen karo keluwargamu.
RIK
:
Wes ngene bae. Simbah ayo digawa menyang kraton, lan urip karo awake dewe yen awake dewe wis nikah. Mbah, mangga bidal dateng Keraton Daha.
Wong 3 iku sidane budhal menyang Keraton Daha. Ora suwe maneh, Raden Inu Kertapati lan Candra Kirana dadi manten lan urip bahagia saklawase.

semoga karya ini berguna bagi adik-adik pelajar khususnya di Jawa Tengah. terima kasih


Tidak ada komentar:

Posting Komentar